(geguritaning ati)Layang kanggo Sisihanku
dak tulis ing sangisore langit langit garasi
ing samburine kukus kang nyesekake ati
lan ing antarne jumlegure sworo kang saben dino tak nikmati
ing selane grimis kang ora mari mari
sabubare pakaryanku mari
sinambi udut kelawan ndlosorake awakku kang rasane koyo mari digebuk i
dak tulis geguritaning atiku iki kanggo sliramu yayi(sisihanku)
yayi
sliramu sawiji wanodyo kang banget dak tresnani
katresnanku lan katresnanmu kang saiki wus biso den buktek ake kanthi ujuding jabang bayi
kang saiki wus Sd kelas 1
kepingin banget tak tulis lan dak ulung ake layang iki
purih bisa tak aturake sanggane ati kang dak lakoni
nanging,mbuh songko ngendi kabeh kudu tak wiwiti
tak roso sliramu yo wus biso mangerteni
opo kang tansah dadi memanik ing ati
ana ne sadulur lan adi adiku kang ora karuan njluntrunge ono ing endi
anane gerimis iki,makili tetangisku ing ati
pinongko gegantine luh kang tumetes mbrebes mili ing pipi
duk biyen naliko aku seh cilik
ra tak pikir ake anane sedulur,kakang,mbak yu lan adi adi
nanging bareng aku gedhi
aku bingung kudu karo sopo tak dum panandang e ati
kang ora biso tak dum karo sliramu yayi
njur sa anane kancaku tak reken adi
senadjan kadang kolo ndadek ake anane birahi
kang iku banget mbok gelani
sabubare pirang pirang taun aku ngarep ngarep lan golek i anane adi
duk wingi ono kabar anane adiku kang sejati
tak kiro sliramu yo biso mangerti lan ngrasak ake mendah bungah e atiku iki
nanging
bareng sliramu dak critani
aturmu ora koyo kang tak anti
mbok wis ojo banget mikir anane adi
ing kono kono wes mesti ono kang ngopeni
becik mikir o nyenengake kulowargamu iki
yayi
adi adi mu yo ora kurang anggenku mbelani
bareng saiki
aku kepingin cedak karo sedulurku kang sejati
kok tego koyo mangkono aturmu yayi
banjur duk wingi
sliramu dak apusi
aku lunga ra dak pamiti
aku ngupadi anane adiku ing endi
bungah banget rasane ati
biso ketemu kelawan adi kang sak umur e durung nate dak ngerteni
adi ku di
adi ku kang dak tresnani
kepingin rasane ati
sliramu dak gendong,dak lelo lelo,dak kudang koyo bayi
ning sliramu saiki jebul wus gedhi wus meh sinambut ing akrami
mung sawetoro sliramu dak temoni njur aku pamit bali
mugo ra dadi cuwane ati
mugo enggal biso ketemu maneh kang luwih suwi
bareng kumluruk e jago lan jumedule srenggenge
dak totok anane kori
yayi
aku mbok pendelik i
kanthi pangocapmu kang ora menak ati
mbok takoni aku songko ngendi
prasasat maling di takoni pulisi
yayi
opo salah to aku iki
njur aku bingung karep dak dom karo sopo kabeh iki
dak roso ora karo sliramu
opo maneh karo adiku
mulo dak tulis layang iki
pinongko tetangis e ati
kanti pangajab sliramu biso mangerteni
Sekapur sirih
Alhamdulilah blog ini dapat kami susun, blog ini merupakan sarana menggali, menyalurkan dan mengembangkan Sastra di Trenggalek di mana di sini di sajikan karya putra-putri Trenggalek, baik berupa Puisi mau pun cerpen, semoga hadirnya blog ini mampu di terima di hati para pembaca kususnya pecinta sastra dan semoga mampu memberikan manfaat karena setidaknya adanya blog Trenggalek Sastra ini merupakan salah satu bukti bahwa Trenggalek Kaya akan Sastrawan dan penulis-penulis baru.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
arsip
BAB
- artikel puisi (1)
- cerpen (6)
- esai (1)
- filsafat (5)
- geguritan tosa (1)
- Kontras (2)
- Lomba Puisi (11)
- Novel.Melan-Conys (3)
- pengertian puisi (1)
- Puisi Anak Kompas (10)
- puisi Aura (5)
- puisi terkenal (1)
- puisi TOSA (107)
- sejarah (1)
- tentang puisi (1)
- wayangan (2)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar