Sekapur sirih

Alhamdulilah blog ini dapat kami susun, blog ini merupakan sarana menggali, menyalurkan dan mengembangkan Sastra di Trenggalek di mana di sini di sajikan karya putra-putri Trenggalek, baik berupa Puisi mau pun cerpen, semoga hadirnya blog ini mampu di terima di hati para pembaca kususnya pecinta sastra dan semoga mampu memberikan manfaat karena setidaknya adanya blog Trenggalek Sastra ini merupakan salah satu bukti bahwa Trenggalek Kaya akan Sastrawan dan penulis-penulis baru.

Rabu, 17 Februari 2010

Tangis Taiwan

Tangis Taiwan

Duh lintang duh Bulan
Rungakno Tangis e prawan ing taiwan
Kang Katresnane di gawe dolanan
koyo mangkono aboting pacoban
ing kono disikso majikan
ing kene calon Bojone kecanthol rondo anyaran
srengenge kang sumunar wanci sore
coba sawangen luhe deleweran
tahun wingi dewek e pamitan
lunga neng taiwan
golek modal kanggo mengko yen wis nikahan
ning katresnane pupus ing tengah ndalan
kok kebangetan tenan
grugu jerite atiku teratapan
njur tak ciptak ne gending tangis Taiwan
mugo biso kanggo pelajaran

Tangis Taiwan
seh kelingan rikolo aku pamitan
sliramu ngetotne aku tekan penampungan
kok tut ne aku kanthi luh deleweran
ing penampungan kok endangi aku saben wulan
aturmu mengko sabaliku langsung nikahan
sak wulan aku ing taiwan
seh sering smsan kangen kangenan
setahun aku ing taiwan
sliramu malah medot katresnan
jebul kowe kecantol rondo anyaran
tego tenan
tego tenan
tresnaku kok gawe dolanan
kamongko ing kene aku rasane ratahan
sabendino disekso majikan
tego tenan
tego tenan
ra kok sawang aku nangis dewek an

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

arsip